Rabu, 01 April 2020

Monumen Kresek Mediun








Assalamualaikum Warrohmatullohi Wabarokatuh sederek.
Sopo sing wis ngerti panggon wisata sejarah Monumen Kresek? Opo enek sing ugung ngerti? Bar iki arep tak jelasne opo iku Monumen Kresek.
Sak urunge kenalan disek yo, kenalno aku Vaundrawati NIM 76 mahasiswi Agribisnis Universitas Trunojoyo Madura sing lagi nempuh mata kuliah Komunikasi Bisnis. La iki salah siji tugas kanggo nggenepi kewajiban nempuh mata kuliah iki.

Langsung ae yo tak jelasne opo kui Monumen Kresek.....
Monument kresek kui monument bersejarah sing dadi tinggalan lan saksi peristiwa mediun. Menumen sg dibangun gawe ngilingi aksi pembantaian e partai kkomunis Indonesia (pki) ning mdeiun tahun 1948. Mergo kabare ning sekitare monument iki jenzah-jenazah pahlawan sing dibantai PKI dikubur dadi sak bolongan.
Panggon tinggalane sejarah sing ombone 2hektar, sing enek 8km moro wetan teko mediun kuto mediun, tepak e ning deso kresek kecamatan wungu kabupaten mediun jawa timur. Panggone mung 1km twko jwmbatan kresek. Tiket e mung rego 3ewu repes kanggo wong gede lan 2ewu repes kanggo bocah cilik.  Fasilitas sing enek ning panggon wisata sejarah iki yaiku pendopo panggon istirahat, teman tanduran langka sing dijangkepi karo panggon parkir. Monument iki diresmikne karo Gubernur Jawa Timur Bapak Soelarso tanggal 10 Juni 1991.
Sing dadi ikon ning panggon wisata iki yaiku patung gedhi ning pucuk bukit sing nggambarno wong gembong PKI (Muso) sing lagi ngangkat pedange ning wong lanang tuwo sing ketokane pasrah. Wong tuwo iku representasi teko kiai husen, salah siji ulama sing ngaruh lan anngota DPRD Kabupaten Mediun pasa kui. 
Ning cedeke monument enek prasasti watu sing ngukir jeneng-jenenge prajurit TNI lan pamong deso sing sumungkem ning peperangan ngelawan PKI ning deso kresek uga mergo dibantai karo PKI. Tapi gak mung kui, ning saiterane monument yo ono sawetara relief sing nggambarne coro-coro PKI mateni pahlawan lan ulama ning Mediun.

Salah sijine  pahlawan sing jenenge colonel Marhadi, TNI sing pangkate paling dhuwur sing gugur ning peperangan, jenenge diabadikne dadi salah siji jeneng dalan ning kuto mediun lan dibangunke patung ning alun-alun mediun kanggo wujud kehormatan.
Jare warga saiterane kono, panggon sing saiki digawe monument kuwi biyene omah-omah wargo sing didadine PKI panggon pembantaian, waragane dikurung ning njero omah terus omahe diobong sisan sak uwong-uwonge.
 Karya Goresan Tanganku: Monumen Kresek Madiun
Panggon iki gak mung kanggo wisata sejarah, nangin kerep dadi panggon upacara lan panggon kemah kanggo bocah-bocah sekolah. Biasane nginep 3-4 dino bareng karo gurune. Kadang yo didadene panggon napak tilas kanggo bocah-bocah enom. Tapi ojo dibayangke nek monument iki sepi lan medeni lo yo, kan wis disediani pendopo karo taman ben rame.
Pak tri, pengelola monument ngomong nek monument iki diendangi kiro-kiro 200 uwong ning dino biasa. Nanging ning dino preian iso nambah 300-500 uwong sedino.



Kesimpulan sing iso dijupuk teko bangunan wisata iki yaiku:
1.    Bangunan patung paling nduwur yaiku patung muso sing nggowo pedang arep numpas sirahe kiai husen sing dadi anggota DPRD kabupaten mediun tahun 1948. 

SEJARAH MADIUN : Setiap Prasasti di Monumen Kresek Punya Kisah Sadis, Begini Ceritanya…
2.    Ning sisih kulon patung muso dibangun relief sing nggambarne proses pemberontakan sing dilakoni karo PKI sisan sak numpase. Sing numpas para PKI kui Divisi Siliwangi sing dipimpin karo colonel sadikin lan divisi jatim sing dipimpim colonel sungkono.
Belajar Sejarah dan Mengenang Pembantaian PKI Madiun di Monumen Kresek
3.    Ning sisih etan e patung muso enek patung boca-bocah cilik korban PKI sing nuntut balesan ning pemerintah RI kanggo numpas kegiatane PKI ning mediun.
Karya Goresan Tanganku: Monumen Kresek Madiun
4.    Undak-undakan melbu monument kresek nduduhne tanggal 17 agustus 1994 sing dadi dino Kemerdekan RI.
Karya Goresan Tanganku: Monumen Kresek Madiun
5.    Pendopo sing enek ning kono kui bekas omah penduduk  sing didadine markas PKI kanggo panggon mbantai
6.    Monument kresek kui kenangan pahit mergo PKI sing gak entuk dilalekne lan kudu diileng-ileng karo bocah-bocah enomkanggo merjuangne ngadeke Pancasila lan UUD 1945.

Wis yooo cukup sak mene dhisek..... sesuk ketemu nehhh
Wassalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh 



sumber: 
https://id.wikipedia.org/wiki/Monumen_Kresek
https://news.detik.com/berita-jawa-timur/d-4240078/belajar-sejarah-dan-mengenang-pembantaian-pki-madiun-di-monumen-kresek
https://www.solopos.com/sejarah-madiun-setiap-prasasti-di-monumen-kresek-punya-kisah-sadis-begini-ceritanya-641782 
http://saksenengsenenge.blogspot.com/2014/10/monumen-kresek-madiun.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Peluang Usaha di Kala Pandemi yang Peduli dengan Petani

  Ide usaha yang dipilih oleh kelompok 7 yaitu produk berupa jamu herbal seperti temulawak, jahe, kunyit, kencur, dan sirih pinang dalam ...