Assalamualaikum Warrohmatullohi
Wabarokatuh sederek.
Sopo sing wis ngerti panggon wisata
sejarah Monumen Kresek? Opo enek sing ugung ngerti? Bar iki arep tak jelasne
opo iku Monumen Kresek.
Sak urunge kenalan disek yo,
kenalno aku Vaundrawati NIM 76 mahasiswi Agribisnis Universitas Trunojoyo
Madura sing lagi nempuh mata kuliah Komunikasi Bisnis. La iki salah siji tugas
kanggo nggenepi kewajiban nempuh mata kuliah iki.
Langsung ae yo tak jelasne opo
kui Monumen Kresek.....
Monument kresek kui monument
bersejarah sing dadi tinggalan lan saksi peristiwa mediun. Menumen sg dibangun
gawe ngilingi aksi pembantaian e partai kkomunis Indonesia (pki) ning mdeiun
tahun 1948. Mergo kabare ning sekitare monument iki jenzah-jenazah pahlawan
sing dibantai PKI dikubur dadi sak bolongan.
Panggon tinggalane sejarah sing
ombone 2hektar, sing enek 8km moro wetan teko mediun kuto mediun, tepak e ning
deso kresek kecamatan wungu kabupaten mediun jawa timur. Panggone mung 1km twko
jwmbatan kresek. Tiket e mung rego 3ewu repes kanggo wong gede lan 2ewu repes
kanggo bocah cilik. Fasilitas sing enek
ning panggon wisata sejarah iki yaiku pendopo panggon istirahat, teman
tanduran langka sing dijangkepi karo panggon parkir. Monument iki diresmikne
karo Gubernur Jawa Timur Bapak Soelarso tanggal 10 Juni 1991.
Sing dadi ikon ning panggon
wisata iki yaiku patung gedhi ning pucuk bukit sing nggambarno wong gembong PKI
(Muso) sing lagi ngangkat pedange ning wong lanang tuwo sing ketokane pasrah.
Wong tuwo iku representasi teko kiai husen, salah siji ulama sing ngaruh lan
anngota DPRD Kabupaten Mediun pasa kui.
Ning cedeke monument enek prasasti watu
sing ngukir jeneng-jenenge prajurit TNI lan pamong deso sing sumungkem ning
peperangan ngelawan PKI ning deso kresek uga mergo dibantai karo PKI. Tapi gak
mung kui, ning saiterane monument yo ono sawetara relief sing nggambarne
coro-coro PKI mateni pahlawan lan ulama ning Mediun.
Salah sijine pahlawan sing jenenge colonel Marhadi, TNI
sing pangkate paling dhuwur sing gugur ning peperangan, jenenge diabadikne dadi
salah siji jeneng dalan ning kuto mediun lan dibangunke patung ning alun-alun
mediun kanggo wujud kehormatan.
Jare warga saiterane kono,
panggon sing saiki digawe monument kuwi biyene omah-omah wargo sing didadine
PKI panggon pembantaian, waragane dikurung ning njero omah terus omahe diobong
sisan sak uwong-uwonge.

Panggon iki gak mung kanggo
wisata sejarah, nangin kerep dadi panggon upacara lan panggon kemah kanggo
bocah-bocah sekolah. Biasane nginep 3-4 dino bareng karo gurune. Kadang yo
didadene panggon napak tilas kanggo bocah-bocah enom. Tapi ojo dibayangke nek
monument iki sepi lan medeni lo yo, kan wis disediani pendopo karo taman ben
rame.
Pak tri, pengelola monument
ngomong nek monument iki diendangi kiro-kiro 200 uwong ning dino biasa. Nanging
ning dino preian iso nambah 300-500 uwong sedino.
Kesimpulan sing iso dijupuk teko
bangunan wisata iki yaiku:
1.
Bangunan
patung paling nduwur yaiku patung muso sing nggowo pedang arep numpas sirahe
kiai husen sing dadi anggota DPRD kabupaten mediun tahun 1948.

2.
Ning
sisih kulon patung muso dibangun relief sing nggambarne proses pemberontakan
sing dilakoni karo PKI sisan sak numpase. Sing numpas para PKI kui Divisi
Siliwangi sing dipimpin karo colonel sadikin lan divisi jatim sing dipimpim
colonel sungkono.
3.
Ning
sisih etan e patung muso enek patung boca-bocah cilik korban PKI sing nuntut
balesan ning pemerintah RI kanggo numpas kegiatane PKI ning mediun.
4.
Undak-undakan
melbu monument kresek nduduhne tanggal 17 agustus 1994 sing dadi dino
Kemerdekan RI.
5.
Pendopo
sing enek ning kono kui bekas omah penduduk
sing didadine markas PKI kanggo panggon mbantai
6.
Monument
kresek kui kenangan pahit mergo PKI sing gak entuk dilalekne lan kudu
diileng-ileng karo bocah-bocah enomkanggo merjuangne ngadeke Pancasila lan UUD
1945.
Wis yooo
cukup sak mene dhisek..... sesuk ketemu nehhh
Wassalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Wassalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
sumber:
https://id.wikipedia.org/wiki/Monumen_Kresek
https://news.detik.com/berita-jawa-timur/d-4240078/belajar-sejarah-dan-mengenang-pembantaian-pki-madiun-di-monumen-kresek
https://www.solopos.com/sejarah-madiun-setiap-prasasti-di-monumen-kresek-punya-kisah-sadis-begini-ceritanya-641782
http://saksenengsenenge.blogspot.com/2014/10/monumen-kresek-madiun.html
http://saksenengsenenge.blogspot.com/2014/10/monumen-kresek-madiun.html